Salah siji warisan kuliner sing isih lestari lan dadi ikon ing wilayah “Mataraman”, mligine Tulungagung lan Trenggalek, yaiku Ayam Lodho:
Ayam Lodho dudu mung sekadar lawuh kanggo madhang, nanging raket banget sesambungane karo ritual adat lan kahanan sosial masyarakat lokal. Artikel iki bakal ngonceki luwih jero babagan apa sejatine Ayam Lodho, kepiye filosofine, lan kepiye carane budaya iki tetep urip ing jaman modern.
II. Metode Panaliten :
Panaliten iki nggunakake metode kualitatif deskriptif. Data-data sing dadi dhasar tulisan iki dijupuk saka asil observasi lapangan lan wawancara jero (in-depth interview).
Identitas narasumber utama ing panaliten iki yaiku Ibu lilik ambarwati, pakaryan narasumber yakni :wiraswasta ,saka Desa: Dsn sanan RT56/RW26 ds.sukorejo kec.gandusari,kab Trenggalek. Katrangan saka panjenenganipun dadi sumber kanggo mangerteni sejarah lan pakem asli nggawe Ayam Lodho.
III. Asil lan Rembugan :
A. Pangertene Ayam Lodho
Miturut Katrangan Saka Ibu Lilik Ambarwati Ayam Lodho yaiku olahan pitik (biasane pitik kampung) sing diproses kanthi rong tahap utama yaiku: dipanggang lan banjur digodhog nganggo santen kenthel sing bumbune medhok. Sing mbedakake Ayam Lodho karo opor utawa gulai liyane yaiku aroma smoky (sangit) saka proses manggang sing sadurunge dicemplungake ing santen.
Ing Tulungagung lan Trenggalek, Ayam Lodho biasane disajikake karo sega gurih (sega uduk) lan urap-urap sayur. Rasa pedhes saka lombok rawit sing dadi ciri khase nggawe panganan iki nduweni karakter sing kuwat lan mantep.
B. Filosofi Ayam Lodho
Miturut katrangan narasumber, Ayam Lodho nduweni filosofi sing dhuwur:
Pitik Kampung : Panganggone pitik kampung nggambarake kemurnian lan kakuwatan. Pitik kampung dianggep luwih “resik” tinimbang pitik potong.
Proses Dipanggang : Geni sing digunakake kanggo manggang nggambarake proses nyucekake utawa ngilangi nepsu sadurunge manungsa pasrah marang Gusti.
Santen Kenthel : Santen sing gurih lan kenthel nggambarake katekunan lan jembaring ati masyarakat Jawa nalika ngadhepi pacobaning urip.
Pedhes : Rasa pedhes nggambarake semangat sing murub utawa “greget” masyarakat ing wilayah kasebut.
C. Inti Budaya lan Ritual
Ayam Lodho dadi inti saka budaya Slametan. Ing jaman mbiyen, Ayam Lodho dudu panganan sing bisa dipangan saben dina. Panganan iki mung metu nalika ana adicara gedhe yakni:
Mantenan utawa Sunatan: Minangka wujud syukur.
Syukuran Panen: Minangka atur panuwun marang alam lan Gusti.
Ritual Kirab: Ing sawetara desa, Ayam Lodho dadi sesaji utama sing dadi lambang kemakmuran desa.
Sing unik, Ayam Lodho iki nengenake konsep “Ambengan”. Pitik disajikake wutuh (ingkung) ing dhuwur wadah sing gedhe, banjur dipangan bareng-bareng. Iki nggambarake rasa gotong royong lan ora ana sekat sosial antarane warga. Kabeh padha lungguh sila lan ngrasakake nikmate berkat sing padha.
D. Bahan Bahan Pebuatan Ayam Lodho
Bahan utama:
1. 1 ekor pitik kampung (luwih beci sing luwih enom).
2. Santan encer (kurang luwih 1 liter).
3. Santan kental (kurang luwih 300ml).
4. Lombok rawit utuh (sesuai selera).
5. Gula pasir/jawa,uyah,lan kaldu bubuk secukupe.
6. Minyak kanggo numis.
Bumbu halus (diusahake disangrai utowo di goreng disik sadurunge diuleg):
1. Bawang merah (7-10 siung).
2. Bawang putih (4-6 siung).
3. Kemiri (4-5 butir disangrai).
4. Kencur (1-2 ruas jari).
5. Kunyit (2 ruas jari,dibakar).
6. Jahe (1 ruas jari).
7. Ketumbar (1 sdm,disangrai).
8. Lada bubuk (1/2 sdt).
9. Lombok keriting (selera).
Bumbu cemplung :
1. Laos/lengkuas (digeprek).
2. Sereh (digeprek).
3. Daun salam.
4. Daun jeruk.
Cara masak:
1. Pitik dipanggang/dibakar nganti setengah mateng lan garing kulite.
2. Tumis bumbu halus karo bumbu cemplung nganti wangi lan mateng.
3. Lebokne santen encer,pitik panggang,gula,lan uyah. Masak nganggo geni cilik nganti pitik empuk.
4. Terakhir lebokne santan kentel lan lombok rawit utuh. Aduk terus supaya santan ora pecah, masak nganti kuah menyusut lan bumbu meresap.
IV. Kesimpulan :
Ayam Lodho dudu mung warisan resep saka leluhur, nanging dadi simbol identitas kanggo warga wilayah Tulungagung lan Trenggalek. Sanadyan jaman wis malih dadi serba instan, nanging cara masak Ayam Lodho sing mbutuhake wektu suwe lan kesabaran isih terus dijaga. Iki nunjukake yen masyarakat isih ngajeni proses tinimbang asil sing luwih instan . Nguri-uri Ayam Lodho tegese uga njaga guyub rukun lan donga marang Tuhan yang maha esa.
V . Atur Panuwun :
Panulis ngaturake matur sembah nuwum dhumateng Ibu Lilik Ambarwati sing wis kersa paring wektu lan kawruh ngenani sejarah lan makna Ayam Lodho. Tanpa pambiyantu lan katrangan saka beliau, artikel iki ora bakal bisa kawujud kanthi sampurna.
Dening: ELNINO FABIAN ALHABSY
Email:elninofabianalhabsy@gmail.com
Syarat dan Ketentuan Penulisan di Siaran-Berita.com :
Setiap penulis setuju untuk bertanggung jawab atas berita, artikel, opini atau tulisan apa pun yang mereka publikasikan di siaran-berita.com - Syarat dan Ketentuan - Kebijakan Privasi - Panduan Komunitas - Disclaimer






























































