Upaya Nglestarekake Alat Musik Tradisional Minangka Warisan Budaya Bangsa
Indonesia minangka nagari ingkang sugih kabudayan lan kagungan maneka warna seni tradisional. Salah satunggaling warisan budaya ingkang tasih lestari dumugi sapunika inggih punika gamelan. Gamelan dados alat musik tradisional ingkang ngrembaka mliginipun ing tanah Jawa lan gadhah peran wigati wonten ing gesang masyarakat. Gamelan mboten namung dados sarana hiburan, nanging ugi minangka pralambang budaya lan identitas bangsa ingkang kedah dipunlestarikaken.
Gamelan sampun wonten wiwit jaman kerajaan Hindu-Buddha kados Majapahit lan Mataram. Ing jaman rumiyin, gamelan dipunginakaken kangge upacara adat lan ritual spiritual, saengga gadhah nilai sakral. Nalika jaman Islam mlebet ing tanah Jawa, gamelan ugi dipunginakaken minangka sarana dakwah dening para wali, saengga kesenian punika saged lestari lan berkembang nganti sapunika. Kanthi mekaten, gamelan boten namung nduweni nilai seni, nanging ugi nilai sejarah lan spiritual ingkang jero.
Adhedhasar wawancara kaliyan Bapak Ragil Mulyanto, salah satunggaling seniman gamelan ingkang sampun langkung saking tigang dasa warsa nggeluti donya karawitan, gamelan mboten namung dados alat musik, nanging ugi ngemu filosofi gesang. Piyambakipun ngendika bilih gamelan nggambaraken kerukunan lan guyub rukun. Saben piranti gadhah swara lan peran piyambak, nanging kedah dipunmainaken kanthi bebarengan supados saged ngasilaken harmoni ingkang endah. Punika nggambaraken bilih manungsa ugi kedah urip rukun lan saling kerja sama wonten ing masyarakat.

Gamelan kagungan maneka warna piranti kados saron, demung, bonang, kenong, kendang, lan gong. Saben piranti nduweni fungsi lan swara ingkang beda-beda, nanging saling melengkapi. Nalika dipunmainaken, para niyaga kedah lungguh kanthi tertib lan main kanthi konsentrasi. Kendang dados pengatur irama, dene gong dados tandha pungkasaning gending. Kerja sama antar pemain dados kunci utama supados musik saged dipunmainaken kanthi harmonis.
Saking segi pembuatan, gamelan kadamel saking bahan logam kados gangsa lan wesi. Proses damelipun boten gampang amargi mbutuhaken kesabaran, ketlatenan, lan kaprigelan ingkang inggil. Saben piranti kedah dipunsetel nadanipun kanthi pas supados saged dipunmainaken kanthi selaras kaliyan piranti sanesipun. Kajawi punika, gamelan ugi kagungan kalih laras utama inggih punika slendro lan pelog, ingkang gadhah ciri khas swara ingkang beda.
Gamelan dipunginakaken wonten ing maneka warna kegiatan kados upacara adat, pagelaran wayang, pernikahan, lan acara resmi sanesipun. Kajawi dados hiburan, gamelan ugi dados sarana pendidikan budaya kangge masyarakat. Lumantar gamelan, masyarakat saged sinau babagan nilai-nilai budaya kados disiplin, kesabaran, lan kerja sama.
Nanging ing jaman modern samenika, minat generasi enom dhateng gamelan saya kirang. Akeh ingkang langkung remen musik modern tinimbang musik tradisional. Punika dados tantangan ingkang kedah dipunatasi supados gamelan mboten ilang. Sanadyan mekaten, isih kathah pihak ingkang peduli lan usaha nglestarekake gamelan, kados para seniman, guru, lan komunitas budaya.
Upaya pelestarian gamelan saged dipunlampahi kanthi maneka cara. Sekolah saged maringi piwulang babagan seni karawitan dhateng siswa supados saged ngenal lan nyinaoni gamelan wiwit alit. Masyarakat ugi saged melu ndhukung kanthi cara melu pagelaran lan kegiatan seni tradisional. Kajawi punika, teknologi saged dipunginakaken minangka sarana promosi, kados lumantar media sosial, video, lan konten edukasi supados gamelan langkung dikenal dening generasi enom.
Generasi enom gadhah peran ingkang wigati sanget wonten ing pelestarian gamelan. Kanthi melu latihan, gabung sanggar seni, lan nyebarake budaya liwat media sosial, generasi enom saged dados pelopor pelestarian budaya. Nalika main gamelan, saben pemain kedah kerja sama lan saling nyelarasake, saengga nglairake nilai gotong royong lan kebersamaan ingkang penting ing gesang masyarakat.
Saking panjelasan ing nginggil, saged dipunpendhet dudutan bilih gamelan mboten namung alat musik, nanging ugi minangka simbol budaya, kerukunan, lan jati diri bangsa. Pelestarian gamelan dados tanggung jawab sedaya pihak, wiwit saking masyarakat, sekolah, pemerintah, dumugi generasi enom. Menawi sedaya pihak saged kerja sama, gamelan mesthi saged tetep lestari lan mboten ilang ing tengah perkembangan zaman.
Pramila saking punika, kita kedah langkung peduli lan tresna dhateng budaya tradisional, mliginipun gamelan. Kanthi nglestarekake gamelan, kita ugi nglestarikake jati diri bangsa lan warisan leluhur ingkang tak ternilai reginipun. Muga-muga gamelan tetep lestari lan saged diwariske dhateng generasi ingkang badhe rawuh.
Kajawi punika, pelestarian gamelan ugi saged dados sarana kangge ngiyatake rasa nasionalisme lan katresnan dhateng tanah air. Lumantar gamelan, generasi enom saged langkung mangertosi lan ngurmati kabudayanipun piyambak, saengga boten gampang keseret arus globalisasi ingkang saged ngilangi jati diri bangsa. Gamelan ugi saged dados sarana promosi budaya Indonesia dhateng manca negara, amargi kathah tiyang manca ingkang kasengsem sinau lan ngraosaken kaendahan swaranipun gamelan.
Kanthi mekaten, gamelan boten namung dados warisan budaya ingkang kedah dipunlestarikaken, nanging ugi dados sarana kangge nguatake identitas bangsa lan ningkatake rasa bangga minangka bangsa Indonesia. Mila, sampun dados kuwajiban kita sedaya kangge njaga lan nguri-uri gamelan supados tetep lestari lan saged dipunwarisaken dhateng generasi ingkang badhe rawuh.
Syarat dan Ketentuan Penulisan di Siaran-Berita.com :
Setiap penulis setuju untuk bertanggung jawab atas berita, artikel, opini atau tulisan apa pun yang mereka publikasikan di siaran-berita.com - Syarat dan Ketentuan - Kebijakan Privasi - Panduan Komunitas - Disclaimer



























































