Wayang kulit minangka kesenian tradhisional Jawa kang nduweni nilai sejarah, filosofi, lan pendidikan. Wayang kulit ora mung dadi tontonan, nanging uga tuntunan amarga ngandhut piwulang moral lan nilai urip. Artikel iki nduweni tujuan kanggo nerangake pengertian, sejarah, lan peran wayang kulit ing masyarakat Jawa kanthi metode studi pustaka. Asilé nuduhake manawa wayang kulit nduweni peran penting minangka sarana hiburan, pendidikan, lan pelestarian budaya. Mula, kesenian wayang kulit perlu dijaga lan dilestarekake supaya tetep dikenal dening generasi enom. Tembung kunci: wayang kulit, kesenian tradisional, budaya Jawa.
Wayang kulit is a traditional Javanese art that has historical, philosophical, and educational values. Wayang kulit is not only a spectacle, but also a guide because it contains moral lessons and life values. This article aims to explain the meaning, history, and role of wayang kulit in Javanese society using the literature study method. The results show that wayang kulit plays an important role as a means of entertainment, education, and cultural preservation. Therefore, wayang kulit art needs to be maintained and preserved so that it remains known by the younger generation. Keywords: wayang kulit, traditional art, Javanese culture.
Wayang minangka salah sawijining kesenian tradhisional Jawa kang nduweni nilai budaya lan filosofi sing dhuwur. Wayang digawe saking kulit sapi sing ditatah alus lan dipentasake dening dalang nganggo klir (layar kain putih) lan lampu blencong. Tembung wayang dipercaya asalé saking tembung “bayang” utawa “ma hyang” kang nduweni teges bayangan utawa roh leluhur. Wayang nggambarake watak lan jiwané manungsa ing urip saben dina.
Wayang kulit wis ana wiwit abad kaping IX utawa X. Kesenian iki nduweni oyod saking kabudayan Hindu-Buddha lan tradhisi ngurmati roh leluhur. Nalika jaman Majapahit lan Demak, wayang ngalami pangrembakan pesat lan digunakake minangka sarana dakwah Islam dening Wali Songo.
Sejarah Wayang Kulit
Cathetan paling tuwa babagan wayang kulit ditemokake ing Prasasti Kuti taun 840 M sing ditemokake ing Joho, Sidoarjo, Jawa Timur. Ing prasasti kasebut ana istilah haringgit utawa dalang sing kalebu ing dhaptar profesi. Tembung haringgit diyakini minangka wujud alus saking tembung ringgit kang nganti saiki digunakake kanggo nyebut wayang.
Sumber liyane yaiku Prasasti Wukajani saking jaman Raja Dyah Balitung taun 907 M. Ing prasasti kasebut ana istilah mawayang bwat hyang, yaiku pementasan wayang kanthi lakon Bima Kumara, sing minangka bagean saking wiracarita Mahabharata.
Sawetara ahli pewayangan kayata R.M.Mingkudimedja nerangake yen wujud wayang biyen beda karo sing saiki. Ing jaman biyen, wayang mung ditampilake saka sisih ngarep lan bahane ora saka kulit kewan, nanging saka godhong palem.
Unsur-Unsur Pagelaran Wayang
Ing pagelaran wayang kulit ana sawetara unsur penting, yaiku:
1. Lakon crita utawa alur cerita sing dipentasake.
2. Sabet gerakan wayang nalika dipentasake.
3. Caturnarasi lan dialog antar tokoh.
4. Karawitan – iringan musik gamelan.
Pagelaran wayang biasane dianakake ing panggung utawa gejog lan diwiwiti ing tengah wengi. Dalang nduweni peran penting minangka pencerita, musisi, lan aktor.
Proses Panggawean Wayang
Miturut dalang ing desa kula yaiku Bapak Kandi, proses nggawe wayang kulit yaiku:
1. Kulit sapi dikerok lan diresiki.
2. Kulit banjur dipepe nganti garing.
3. Digambar pola tokoh wayang.
4. Ditatah nganggo tatah cilik lan palu
5. Diamplas supaya alus.
6. Disungging utawa diwernai nganggo cat siwit
7. Dipasang gapit utawa cempurit saking tanduk.
Pitutur Luhur Wayang
Wayang kulit ngemot filosofi urip kang jero. Ing pagelaran wayang ana tokoh punakawan yaiku Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Tokoh kasebut dadi simbol piwulang moral.
Makna tokoh punakawan yaiku:
Semar: lambang niat sing tulus.
Gareng: lambang pikiran lan nalar.
Petruk: lambang rasa lan kepekaan ati.
Bagong: lambang tumindak utawa karya.
Salah sawijining pitutur luhur saka crita Mahabharata yaiku:
“Sura dira jayaningrat, lebur dening pangastuti.”
Tegese yaiku kabeh tumindak ala bakal kalah dening kabecikan lan katentreman.
Wayang uga ngemot ajaran manunggaling kawula Gusti, yaiku kesatuan antarane manungsa lan Gusti Allah. Miturut Bapak Kandi, “Wayang iku cermin urip, saben tokoh nduweni kabecikan lan uga kesalahan kaya manungsa.”
Fungsi Wayang Ing Masyarakat
Wayang kulit nduweni sawetara fungsi ing masyarakat, yaiku:
1. Sarana hiburan
2. Media pendidikan lan piwulang moral
3. Sarana dakwah agama
4. Bagian saka upacara adat kayata ruwatan, slametan, lan pernikahan.
Ing jaman kolonial lan penjajahan Jepang, wayang uga tau digunakake minangka media propaganda politik.
Cara Nglestarekake Wayang Kulit
Ing jaman modern saiki, minate generasi enom marang pagelaran wayang kulit soyo suda amarga pengaruh teknologi lan hiburan modern. Mula saka iku, perlu ana upaya kanggo nglestarekake kesenian tradhisional iki supaya tetep urip lan dikenal dening masyarakat, utamane generasi enom.
Miturut dalang ing desa kula, yaiku Bapak Kandi, salah sawijining cara kanggo nglestarekake wayang kulit yaiku kanthi ngenalake lan ngajak generasi enom supaya luwih cedhak karo kesenian iki. Panjenengane nerangake: “Pelestarian wayang kulit bisa ditindakake kanthi ngajak cah enom mirsani pagelaran wayang langsung, nggoleki dalang sing isih enom supaya critane luwih menarik lan ora nggawe bosen. Kajaba iku, generasi enom uga bisa diajak plesir menyang museum wayang utawa griyané dalang kanggo sinau sejarah wayang lan mirsani langsung proses penggawean wayang supaya luwih mangerteni lan ngajeni kesenian iki.”
Kanthi cara kasebut, generasi enom diarep-arep bisa luwih kenal, ngerti, lan melu nglestarekake kesenian wayang kulit minangka warisan budaya bangsa.
Wayang kulit minangka salah sawijining warisan budaya Jawa kang nduweni nilai sejarah, seni, lan filosofi kang dhuwur. Kesenian iki ora mung dadi hiburan, nanging uga dadi sarana pendidikan moral lan refleksi urip manungsa.
Senajan ing jaman saiki minat generasi enom marang wayang kulit soyo suda, upaya pelestarian tetep kudu ditindakake. Salah sawijining cara yaiku ngenalake wayang marang generasi enom liwat pagelaran, pendidikan, lan kunjungan menyang museum wayang. Wayang kulit minangka warisan kearifan lokal sing lair lan berkembang ing Indonesia. Amarga nilai budayane sing dhuwur, UNESCO ing taun 2003 netepake wayang minangka Masterpiece of the Oral and Intangible Heritage of Humanity.
DAFTAR PUSTAKA
Koentjaraningrat. (1990). Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: Rineka Cipta.
Soetarno. (2005). Wayang Kulit dan Perkembangannya. Surakarta: ISI Press.
Mingkudimedja, R.M. (1993). Sejarah Wayang Purwa. Yogyakarta: Balai Pustaka.
UNESCO. (2003). Wayang Puppet Theatre Indonesia. Paris: UNESCO.
Brandon, J. (2003). On Thrones of Gold: Three Javanese Shadow Plays. Cambridge: Harvard University Press.
Syarat dan Ketentuan Penulisan di Siaran-Berita.com :
Setiap penulis setuju untuk bertanggung jawab atas berita, artikel, opini atau tulisan apa pun yang mereka publikasikan di siaran-berita.com - Syarat dan Ketentuan - Kebijakan Privasi - Panduan Komunitas - Disclaimer









































































