Inggih punika,ing sawijining kita badhe nyariosi babagan tradisi Jembulan ing lemah Jawa,ingkang dipun aturaken kathi sumberipun mbah Patmo Sumarto saking Dukuh Bedegan Desa Bedoro Kecamatan Sambungmacan Kabupaten Sragen.Bapak Patmo Sumarto minangka sesepuh ing desa menika,ingkang sampun dangu ngaturaken kawruh babagan adat istiadat Jawi,utamane Jembulan.
1. Sejarah Tradisi Jembulan
Miturut cariyos saking Patmo Sumarto (2026), tradisi jembulan sampun kalaksanan wiwit jaman rumiyin, sadèrèngipun wonten penjajahan ing Indonesia. Kawiwitanipun Desa Bedoro boten uwal saking perjuangan para sesepuh, inggih punika Kyai Kiratmojo, ingkang dipunsebat minangka tiyang kapisan ingkang mapan wonten ing desa punika. Miturut para sesepuh desa, Kyai Kiratmojo punika tokoh ingkang gadhah peran wigati tumrap pangrembakan desa. Piyambakipun sampun dangu ngabdi lan asring nindakaken tapa wonten ing sacedhakipun Bengawan Solo. Tapa punika dipuntindakaken kanthi ancas supados Desa Bedoro saged dados desa ingkang maju lan makmur kanthi sedaya potensi ingkang wonten.
Ing jaman rumiyin, Desa Bedoro kalebet wilayah pertanian ingkang subur lan makmur. Dumugi samenika, kathah masyarakat ingkang makarya dados petani minangka sumber panguripan. Saking segi geografis, papanipun desa punika caket kaliyan Bengawan Solo ingkang rumiyin dipunginakaken kangge kabutuhan saben dinten, kados dene adus, ngumbah, masak, saha irigasi sawah.
Wonten ing pinggiring kali punika, dipunpitados wonten wit ageng ingkang dados papan panggenan Kyai Kiratmojo nalika tapa. Saking laku tapa punika, muncul istilah “jembulan”. Miturut cariyos, Kyai Kiratmojo nate nyuwun dhumateng Gusti supados desa tansah kasimpen saking bebaya. Piyambakipun boten purun adus utawi nyukur rambut sadèrèngipun panyuwunanipun kaleksanan, saéngga rambutipun dados ngumpal lan keriting.
Saking kahanan punika, lajeng muncul istilah “jembulan”, ingkang asalipun saking tembung “jembul”, inggih punika wujud rambut ingkang ngumpal. Dados, tradisi punika dados simbol pangurmatan dhumateng Kyai Kiratmojo minangka leluhur desa.
2. Resik Makam utawi Punden
Sadurungipun tradisi jembulan kalaksanan, masyarakat nindakaken resik makam utawi punden Kyai Kiratmojo. Kegiatan punika biasanipun dipuntindakaken déning para bapak saha para mudha priya sedinten sadèrèngipun acara. Tujuanipun supados papan makam tansah resik, asri, lan tertata rapi minangka wujud pakurmatan dhumateng leluhur. Kajawi punika, masyarakat ugi bebarengan ngresiki sakupenging punden saha damel gunungan saking wit gedhang kangge papan panggonan sesaji panganan. Kegiatan gotong royong punika saged nguwataken tali paseduluran antar warga, saéngga nuwuhaken kahanan ingkang rukun, tentrem, lan damai.
3. Pelaksanaan Jembulan
Tradisi jembulan lumrahipun kalaksanan sawisé panèn raya, kirang langkung satunggal wulan salajengipun, lan dipunpilih dinten Jumuah Pon miturut penanggalan Jawa. Miturut kapitadosan masyarakat, dinten Jumuah Pon gadhah makna ingkang sae, inggih punika minangka dinten ingkang maringi kelancaran rejeki. Kajawi punika, dinten punika ugi dipunanggep sakral amargi dipunpitados minangka wekdal rawuhipun para leluhur.
Ing dinten Kemis sonten, para sesepuh desa nindakaken ziarah dhateng makam Kyai Kiratmojo. Salajengipun, ing dinten Jumuah, acara kalaksanan sawisé shalat Jumuah supados masyarakat saged melu kanthi langkung jembar.
Rangkaian acara jembulan kapérang dados tiga, inggih punika:
1. Nyekar utawi nyebar kembang wonten ing makam,
2. Bancakan,
3. Pembagian sedekah.
3.1 Bancakan
Sakderengipun acara inti, masyarakat nindakaken bancakan. Bancakan punika tegesipun selamatan utawi kenduri kanthi nyedhiyakake manéka warna dhaharan tradisional. Bancakan ing tradisi jembulan punika minangka wujud syukur saha pakurmatan dhumateng leluhur. Miturut Patmo Sumarto (2026), bancakan punika dipunlampahi amargi Kyai Kiratmojo dipunpitados miyos ing dinten Jumuah Pon, saéngga perlu dipunpengeti kanthi donga bebarengan. Panganan ing bancakan antawisipun sekul buceng, sekul golong, gedhang, bihun goreng, sayur lombok, krupuk abang, srundeng, ayam ingkung, endhog, tempe, tahu, iwak teri, saha jadah putih. Acara punika dipunpimpin déning modin utawi ustadz ingkang maos donga. Sasampunipun, panganan dipunpangan bebarengan déning sedaya warga tanpa mbedakaken umur.
3.2 Acara Inti Tradisi Jembulan utawi pembagian sedekah
Sasampunipun bancakan, acara inti jembulan dipunwiwiti kanthi nata sedaya panganan ing gunungan ingkang sampun dipunsiapaken. Jembulan minangka tradisi asli masyarakat Desa Bedoro ingkang dados wujud syukur dhumateng Gusti Allah amargi sampun paring asil panèn ingkang kathah. Para bapak masang “jembul” saking pring ingkang dipunisi jajanan kados ceriping, opak, lan jadah. Salajengipun, sedaya panganan kados sekul, lawuh, woh-wohan, saha jajanan dipunsusun kanthi rapi. Salah satunggaling sesepuh lajeng maos donga kanthi pangajab supados panèn salajengipun langkung berkah.
Puncak acara punika inggih pembagian panganan kanthi cara dipunrebut déning warga, utaminipun bocah-bocah. Kahanan punika ndadosaken swasana ingkang rame lan nyenengake. Masyarakat pitados bilih tradisi punika saged maringi berkah lan kasil panèn ingkang langkung sae. Menawi boten kalaksanan, dipunpitados saged nuwuhaken bebaya kados gagal panèn utawi pageblug.
4. Nilai Kearifan Lokal Tradisi Jembulan
Tradisi jembulan gadhah fungsi minangka sarana evaluasi sasampunipun masa tandur. Para petani saged mawas dhiri lan ngraos syukur dhumateng asil panèn. Nilai moral ingkang wonten kapérang dados kalih, inggih punika:
1. Nilai vertikal, ingkang gegayutan kaliyan sesambungan manungsa kaliyan Gusti Allah.
2. Nilai horizontal, ingkang gegayutan kaliyan sesambungan antawis manungsa kaliyan sesami, kewan, lan lingkungan.
Saking tradisi punika, saged dipunpundhut piwulang, antawisipun:
1. Nuwuhaken rasa syukur dhumateng Gusti Allah,
2. Dados sarana introspeksi diri,
3. Nambah kualitas sistem pertanian,
4. Nguwataken kerukunan masyarakat lumantar gotong royong,
5. Dados sarana mediasi spiritual,
6. Ngurmati leluhur.
Ing jaman modern, tradisi punika kedah tansah dipunlestantunaken lan dipunrembakakaken. Salah satunggaling upaya inggih kanthi maringi inovasi kados undian doorprize supados masyarakat langkung remen melu tradisi punika.
Syarat dan Ketentuan Penulisan di Siaran-Berita.com :
Setiap penulis setuju untuk bertanggung jawab atas berita, artikel, opini atau tulisan apa pun yang mereka publikasikan di siaran-berita.com - Syarat dan Ketentuan - Kebijakan Privasi - Panduan Komunitas - Disclaimer






























































