SIARAN BERITA – Tata rias maten lebeting tradisi jawi sanes naminipun ndadosaken penganten langkung endah ing paninggal, ananging sarat kalian makna filosofis ingkang lebet. Saben rinci riasan lan aksesorisnipun mbobot simbol donga, pangajeng ajeng, saha nilai gesang ingkang badhe dipuntindakaken dening pasangan panganten.
Salah satunggalingciri khasipun inggih menika paes. Paesnipun nglambangkaken paengendhalian diri, kawicaksanaan, saha kasiapan satunggaling tiyang putri nalika mlebet ing gesang bebrayan. Wujudipun ingkang teges lan simetris nyerminaken pangajeng ajeng supados panganten saged njagi kasaimbangan lahir lan bathin.

Kejawi menika, wonten cunduk mentul lan hiasan mustaka sanesipun nglambangaken padhangipin gesang saha donga supados bebrayandalem tangga tansah sumunar lan kabak kabegjan. Cacah lan tata susunipun nggih ngagungani artos, , kados dene pangajeng ajeng tumrap rejeki, karukunan, saha turun ingkang sae.
Riasan socanipun ingkang landhep ananging lembat nggambaraken kateguhan manah saha katelatenan lebet nindakaken peran dados garwa. Sawentawis warna warna ingkang dipun ginakaken, kados cemeng lan jene, nglambakaken keanggunan, kekiyatan, saha kamulyan.
Kaliyan sedayanipun, tata rias maenten ngastakaken menawi krama sanes naming piwulang bilih pawiwahan boten namung babagan kaendah raga, ananging ugi kasiyapan mental, moral, saha spiritual anggenipun mbangun gesang bebrayan bebarengan.
Oleh:
Putri Natasya Karunia Ramadhani, SMAN 1 SAMBUNGMACAN
Syarat dan Ketentuan Penulisan di Siaran-Berita.com :
Setiap penulis setuju untuk bertanggung jawab atas berita, artikel, opini atau tulisan apa pun yang mereka publikasikan di siaran-berita.com - Syarat dan Ketentuan - Kebijakan Privasi - Panduan Komunitas - Disclaimer


































































