MTsN 4 Bantul ( Bantul ) Gendhis Aprilia Mewakili Lomba Sesorah denagn Tema
BUDI PEKERTI TULADHA SAE ROSULULLAH NABI MUHAMMAD SAW
Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarakatuh
Alhamdulllahirabbil’alamiin washalatu wassalamu’ala asrofil ambiya iwal mursaliin sayyidina muhammadin wa’ala aalihi washohbihi ajma’in ammaba’du. Robbisrohli sodri wayassirli amri wahlul‘uqdatan minlisani yafqohuqouli,ammaba’du.
Ingkang kinurmatan,bapak ibu dewan pambiji
Ingkang kinurmatan,bapak ibu para rawuh sedaya,
Saha ingkang kula tresnani,para kanca gladhen sesorah basa jawi
Saderengipun, mangga tansah monjukaken puji lan syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan, karohmatan, lan kasarasan dhateng kula panjenengan sedaya sahengga saged handereki gladhen sesorah basa jawi wonten ing Madrasah Aliyah Nurul Ummah Bantul.
Sholawat saha salam mugi konjuk dhumateng junjungan kula panjenengan sedaya, Nabi Agung Muhammad SAW .Kanthi pangajab,mugi-mugi kula panjenegan sedaya pinaringan syafa’at wontening donya dumugi wonten ing yaumul akhir.
Keparenga kula badhe ngaturaken sesorah kanthi irah-irahan:
“BUDI PEKERTI TULADHA SAE RASULULLAH NABI MUHAMMAD SAW”
Para rawuh ingkang dipunrahmati Allah,
Nabi Muhammad SAW nggadhahi sifat ingkang sae lan saged dipuntuladhani wonten ing panguripan saben dintenipun, inggih menika:
Sepisan, nggadhahi sifat shidiq tegesipun leres ingkang dipun ngendikakaken. Menawi wekdal dagang, jujur apa mesthine. Barang apik lan ana kurange dijelaske marang ingkang tumbas,mboten nambahi ugi mboten ngirangi.
Ingkang kaping kaleh, Amanah tegesipun saged pinitados. Rasulullah punika nggadhahi pribadi ingkang saged dipunpinitados. Rasul tansah nindakaken hukum-hukum kanthi leres lan pas. Semanten ugi Rasulullah mboten nate cidra ing pangandikanipun. Menawi kula panjenengan dipundhawuhi bapak ibu, nggih kedah ngelaksanakaken. Menawi bapak ibu guru maringi peer,nggih kedah ngelaksanakaken.
Kaping tiga, inggih menika Fathonah tegesipun cerdas. Rasulullah SAW nggadhahi kepinteran sahengga saged ngadhepi tiyang-tiyang ingkang mengsahi kanthi teges lan bukti ingkang jelas. Kula panjenengan sami kedah pinter supados mboten kesasar dhateng mergi ingkang luput.
Kaping sekawan, Tabligh tegesipun ndumugekaken wahyunipun Gusti Allah marang manungsa, mboten wonten ingkang dipunumpetaken. Menawi kula panjenengan sami nggadhahi ngelmu,nggih kedah dipuntularaken.
Para rawuh ingkang dipunrahmati Allah
Sanesipun sekawan sifat menika, Rasulalah ugi kasebat Al-amin, ingggih menika saget dipun pinitados. Wonten salah satunggaling kedadosan wonten ing tlatah Arab wekdal menika, bilih kabilah-kabilah Arab sami congkrah babagan nyukakaken hajar aswad wonten papanipun. Saking kalokanipun Muhammad pinangka tiyang ingkang jujur, para pemimpin kabilah mitadosaken Muhammad pinangka panengah, lan kabukten, keputusanipun Muhammad ndadosaken congkrah mboten sios kadadosan.
Bapak ibu saha para kanca ingkang bagya mulya,
Dipunutus Nabi Muhammad SAW kangge Uswatun Khasanah utawi tuladha becik dados panutuping para Nabi lan Rasul. Kula panjenengan sami saged mendhet tuladha sae Rasulullah SAW,yaiku Shidiq, Amanah, Fathonah, saha Tabligh.
Kasebatna firman Allah SWT wonten ing surat Al-ahzab ayat selikur:
لَّقَدْ كَانَ لَكُمْ فِى رَسُولِ ٱللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ
“Yekti, wonten ing dalem Rasulullah SAW suritauladan ingkang sae kagem kula panjenengan sedaya.”
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi wonten manfaatipun,
Kupat duduhe santen
Menawi lepat, kula nyuwun pangapunten Maturnuwun,
Wabillahi taufiq wal hidayah, Waridha wal inayah
Wassalamualaikum Warohmatullahi Wabarakatuh( wij)
Syarat dan Ketentuan Penulisan di Siaran-Berita.com :
Setiap penulis setuju untuk bertanggung jawab atas berita, artikel, opini atau tulisan apa pun yang mereka publikasikan di siaran-berita.com - Syarat dan Ketentuan - Kebijakan Privasi - Panduan Komunitas - Disclaimer








































































